Cerita Jaman Esih Cilik . Bagian 3
Bar sembayang ngisa karo pak Ikhwani, guru ngaji sing saben mbengi mulang alip alipan nang daleme eyang San Marta, sebab wektu semono nang dukuhku urung ana mesjid, inyong karo batir batir uwis pada siap garep melu arisan sepitan nang nggone salah sijine batir sing arep di sepiti.
Gemiyen pancen ana tradisi, yakuwe angger ana batir sing sepit, dianakena arisan, yakuwe pada aweh duit nggo sing sepit.
Acara arisan sepitan biasane dianakna nang malem sepen, atawa sewengi sedurunge hari H atawa bawahan. Acarane jan meriah temenan, senajan wektu semono penerangan mung nganggo lampu petromak. Sing marakena rame maning yakuwe kaki Mustangin nyetel ebeg nganggo corong, jan sedesa krungu kabeh. Mengko angger mbengi biasane nyetel kaset wayang kulit Dalang Gino sewengi deng, lakone Petruk Ilang Pethele.
Bar arisan inyong karo batir batir pada bali tuk plataran kali. Wis mandan suwe ora udan dadi platarane amba maen nggo dolanan. Wedine alus, ora ana gragale dadi kepenak nggo ngapa bae. Wektu semono wulan padang njingglang, malem kiye malem tanggal limolas, akhire inyong ora langsung bali ning pada jagongan disit karo dopokan,
Agi pada dopokan, dumadakan nang gili nduwur kali sing agi tek nggo jagongan ana swara kradak kradak. Kabeh banjur pada meneng, trus pada ndongak meng duwur, ngileng ngileng anu ana kedaean apa. Barang diwas wasena, ternyata ora ana apa apa.
" Sapa ya! ", batirku tulung tulung karo ngurub na senter diarahna meng nggon sing moni.
Swasana banjur cep klakep ora ana swara apa apa. Inyong karo batir batir molai pada mengkirig. Kelingan urung suwe nang gutek ngkono pancen tes ana sing ninggal.
Wis dadi kebiasaan angger tes ana wong ninggal pancen cokan ana penampakan sing aneh aneh, kabar wong sing nemoni kedadeyan aneh ya akeh, ana sing nemoni wong sing wis ninggal, jere agi njagong nang ngisor wit wringin karo ngguyu ngguyu dewek ya ana, ana sing nemoni seklebatan mori putih mlayang mlayang nang wuwungan ya ana, sing krungu swara celuk celuk ning mbarang di clinguk ora ana wujude ya ana, pokoke akeh maning liyane,
Maklum, wektu semono desane esih peteng, listrik urung maja majaha ana, dalan esih pating prael, pinghirane esih akeh wit gede, trus nek mbengi langka hiburan, saengga warga biasane rep wis pada mlebung umahe dewek dewek.
Agi pada spaneng kabeh ujug ujug ana swara kradak kradak maning trus kaya ana sing ngriwiki, nganggo lemah, kaya di sawurna meng inyong lan batirku kabeh. Kabeh pada pating jenggirat,
"aja pada mlayu! ", inyong tulung tulung.
Kabeh pada meneng, sing nggawa senter banjur di arah na meng nduwur,
" Hei... angger kowe pada pada umate gusti Allah aja ngganggu! ", batirku tulung tulung karo ndredeg.
Senter diarahna meng ngisor wit saman gede nduwur kali, lamat lamat keton mata loro mencorong, untune uga katon mringis, awake gede ireng. Inyong karo batirku pati pati rasa maju, garep ngepan na, jane wujudan apa sing kat mau ngganggu karo inyong kabeh.
Mbarang inyong karo batirku maju, lan terus maju, ujug ujug
" Ha ha ha. ..! " wewujudan mau ngguyu ngekek ngekek ora bisa ngampet maning. Ternyata sing meden medeni kat mau ora ana liya mung kakangku dewek karo batir batire, sengaja meden medeni inyong pada.
Akhire kabeh pada ngguyu, sing maune pada wedi dadi pada ger geran....
Batir batirku pada supata...
" eleng lah , ujarku medi temenan, hihi",
Bersambung..
Komentar
Posting Komentar