Crita Jaman Esih Cilik. ( Cerita Bahasa Kalibeningan ) Bagian 2



Inyong mlaku meng umahe batirku sing janji arep nuduhna susuh manuk perkutut nang nduwur wit krambil nang alas Kemiri sewu. Aku nggawa arit karo kranjang suket. Maune ramane garep kesuh,  merga aku ora gelem ngrewangi mritili kencur,  ning basa ngerti inyong lunga karo nggawa kranjang,  ramane ora sida kesuh.

" Wooiii,  esih wulu dom", batirku tulung tulung sekang wit krambil sing ana susuhe manuk ,  " ya,  aja di jiot disit",  aku njawab.
Batirku banjur mudun,  ning sedurunge mbrosot,  batirku ngemet dewegan rong blindi.

" Seger banget ya dewegane ", ujarku.
"  Hahaha,  anu nyolong ya seger ",  jawabe  batirku karo ngeklek.
Jaman inyong esih cilik, ngemet wowohan tanggane,  angger paling paling nggo di pangan,  kuwe ora ngapa ngapa.  Artine ora bakal diperkarakena,  kecuali angger nyolong trus nggo di dol biasane ya  di tuntut. Angger nganti kewenangan nyolong trus di dol biasane di laporna prabot,  terus mbengine di landrat,  panggonan sing biasa nggo nglandrat perkara apa bae biasane nang umahe kaki congkog Mukmin.

Tau,  sewijine mbengi ana landratan, perkarane yakuwe ana salah sijine warga  randa,  sing meteng akibat perbuatane tanggane . Seminggu kepungkur,  si randa teka maring umahe prabot,  nglaporna nek deweke wis meteng,  ning sing metengi ora gelem tanggung jawab merga anu wis duwe bojo.

Pas wektu dina landratan sing wis di tentokena, bar magrib kenthonge wis dititir,  mretandakena warga ben pada teka, lan ora let suwe warga  banjur pada kumpul.
Wektu semono pelapor,  terdakwa,  saksi saksi,  lan warga wis kumpul,  siap mulai landratan.
Akhire singkat crita,  hasil landratane yakuwe sing metengi kudu tanggung jawab karo perbuatane.

.......................... ................................

Bar ngumbe dewegan inyong karo batirku banjur ngarit.  Suasana agi maen,  panas ya ora,  udan ya ora.  Barat semiuk gawe rasa adem, sementara suara gemerisik godong godongan gawe tentrem sapa bae sing keprungu.  Nang alas pancen swara apa bae ana,  ana swara wong agi negori kayu,  ana sawara wong rame anu agi sambatan, malah nang libak kidul inyong krungu ana swara wong wadon agi tandakan,  lagu semarang dober wektu semono agi ngtrend,. 

Barang wis kebek kranjange,  inyong karo kancaku banjur laut,  bali karo nyangking suket sekranjang kuwe rasane bungahe pol.  Sebab biasane mengko bakal dialem karo biyunge,  lan ora sida diomehi karo ramane.

Bar ngarit acara dudusan di molai maning,  ning siki ora wani suwe,  sebab langite wis mbleret mbok teka banjire. Bar adus inyong siap siap,  nganggo klambi sing bersih,  slandok sarung karo kuplukan.

Wektu semono ana guru ngaji anyaran,  jenenge pak Ikhwani guru SDN 1 Kalibening, sing manggon nang daleme eyang San Marta.  WIs ana seminggu kiye,  nek mbengi pak Ikhwani ngumpulna bocah bocah,  trus diwulang ngaji,  alip alipan.

Inyong ngrasa bungah banget sebab siki ana sing mulang ngaji pedek,  biasane inyong kudu meng dukuh liya nek garep ngaji,  meng langgare pak guru Rislam apa tawane mesjide pak kyai Sahal.

Inyong sing babar blas urung bisa ngaji apa tawane sembayang,  jan kepengin banget bisa.  Mulane inyong tekun,  saben mbengi ora tau lat,  teka meng pengajiane pak Ikhwani.

Bersambung....




Komentar

Postingan populer dari blog ini

Mamring

Pilihlah Calon Kades yang Suka Tirakat dan Tapa Brata