Crita Jaman Esih Cilik. ( crita basa Kalibeningan)


Angger mangsan rendeng watu jonggol nang jurang umahe kaki Mad Ngaripin dadi kedung sing pancen maen nggo dus dusan. Inyong bali sekolah ora langsung mengumah,  ning dudusan disit karo batir batirku, batir lanang ya ana batir wadon ya ana, kabeh pada seneng,  ana sing pada dolanan brembetan,  ana sing pada kunclungan, trus sing pada tilem tileman nganti pada nagis ya ana.

Angger dudusan pancen ora kelingan wektu,  ngerti ngerti ana ramane batirku sing teka karo ngamang amang kudi,  karo ngomong,  "bocah pada mbesil,  kae deleng,  kulon wis peteng,  angger kaline teka,  kowe pada kegawa, apa kepengin pada kendang..  wis pada mentas,  tek srampang kudi sisan!!! ",  kaya kuwe gole kaki Kaswandi tulung tulung.

Inyong karo batir batir langsung pada mentas,  buru buru pada kathokan,  trus nyamber tas sekolah,  banjur mepret bali.

Tekan ngumah , urung ana sapa sapa,  biyunge urung bali kan ngalas,  ramane agi melu sambatan urung bali,  kakang kakangku ya urung bali kas sekolahan,  bar nggletakena tas kresek isi buku karo potlot nang risban,  inyong banjur mlebu maring pedangan,  inyong banjur mbukak kekeb sing ana nang glatak,   wetenge wis krasa kencot,  selek kepengin madang. 

Barang kekebe  tek bukak,  isine pada karo saben dinane,  yakuwe sega budin woran,  karo bakaran gesek sing akeh awune,  karo sambel gosrak,  wis kuwe thok ora ana liya liyane sing disediakena nang biyune nggo anak anake.

Inyong karo mandan mrengut nyiduk sega,  njiot gesek seler, trus tek guderna nang sambel,  trus tek gawa meng ngiringan, nyong njagong nang dingklik banjur madang karo ndelengna kandang wedus.

Senajan madang kur karo gesek,  ning wong anu agi kencot ya krasa enak bae,  piringe nganti resik,  kur gari ndas gesek sing nggletak,  ora tek pangan.

Bar madang inyong banjur udar udar klambi sekolah,  banjur salin nganggo klambi sing biasa nggo dolan utawane ngarit.
Nang njaba inyong krungu swara klotak klotak,  tek deleng,  biyunge bali kan ngalas nggawa suluh.  Ora let suwe ramane keton toglang toglang,  korakane moni,  nyangking klari  , karo manggul pacul,  bali sekang sambatan.

"Ma,  njaluk duwite dah nggo tuku umbul",  inyong ngomong karo ramane. Trus ramane njawab,  "duwit digile mbok,  apa kowe ora ndeleng,  kae kencure urung dipritili,  pritili disit nganah,  ngesuk slasa digawa pasar didol,  ngko kowe diwei nggo tuku umbul,",  kaya kuwe jawabe ramane.
 " lah bebeh si temen, "  nyong njawab karo mepret lunga,
  " ooo,  bocah bregudul" ,  omongane ramaku tek rungokna karo mlayu.

Bersambung.......



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Mamring

Pilihlah Calon Kades yang Suka Tirakat dan Tapa Brata