Wawancara Ghaib Dengan Mbah Kyai Wlahar, dari Sebuah Perenungan. ( Dialog Imajiner )
Setelah melalui sebuah ritual dan perenungan yang cukup rumit, dan setelah sekian lama menunggu ijin secara ghaib dari beberapa pihak, akhirnya SuaraKalibening berhasil bertemu secara ghaib pula, lalu wawancara atau dialog imajiner dengan mbah Kyai Wlahar.
SK (Suara Kalibening) : Assalamu ngalaikum mbah, pripun kabare ?
MKW ( Mbah Kyai Wlahar) : Wangalaikum salam, alhamdulillah sae.
SK : nuwun sewu mbah, menurut simbah, menawi ningali kawontenan Kalibening saniki kepripun?
MKW : ya apik, dalan wis dibangun, masyarakate pada seneng, jaman aku esih urip nang jagad padang, Kalibening kabeh esih dadi alas.
SK : oh ngaten nggih mbah, lajeng menawi ningali, masyarakate pripun?
MKW : yaa biasa bae, wis lumrah, jaman kemajuan kaya siki masyarakate nang endi endi pada bae, nganah ngeneh sing dicekeli hp hehehe..
SK : hehehe.. lah niku sae napa mboten mbah?
MKW : ya apik bae, asal nggo sing positip, sing penting dolanan hp aja pada nggo selingkuh hahaha,
SK : hehehe, mbah, riyin wekdal simbah taksih gesang teng alam padang, nopo mpun nginten bilih Kalibening bade kados ngaten?
MKW : ah mboten mas..menungsa kuwe ora kena ndisiti kersane Gusti Allah, apa sing bakal kedadeyan ya mung GustiAllah sing ngerti, menungsa mung sipat nglakoni, jere pancen ana wong sing wis ngerti sedurunge winarah, ning kudune malah aja nganti di omongna sapa bae, cukup angger ngerti ya nggo dewek.
SK : oh nggih mbah, lajeng... menawi ningali kawontenan saniki, kathah kedadeyan kedadeyan sing maen lan sing mboten maen niku pripun?
MKW : ya kudu di lakoni kanthi ikhlas, kedadeyan apa bae sing dialami menungsa kuwe mung ujian, nek ngalami kedadeyan ala ya ujian, ngalami kedadeyan apik uga ujian, lan wong sing lulus ngadepi ujian kuwe angger wong mau tetep manembah marang sing maha kwasa, Gusti Allah, nek diuji nganggo musibah sabar, nek diuji nganggo kesenengan bersyukur, wis kaya kuwe bae, mengko uripmu bakal ayem.
SK : nggih mbah, lajeng menawi mirsani kawontenan negara Indonesia pripun, niki mboten dangu malih bade pemilihan presiden lan legislatif , menurut simbah pripun?
MKW : aku ora patia ngerti karo politik, dadi mbuh ora ngerti hehehe..
SK : hehehe, menurut simbah saene mayarakat Kalibening kudu pripun mbah,
MKW : ya masyarakat Kalibening kudu guyub, rukun, aja pada congkrah, kabeh kudu duwe niat bebarengan mbangun ben desane maju, sing dadi pengarep, pemerentahe kudu adil, jujur, lan bisaha kerja kanggo kesejahteraan masyarakat, kanggo kepentingane wong akeh, aja nggo kepentingane awake dewek thok, semana uga sing dadi masyarakat, ya kudu sa yeg sa eko proyo, gotong royong, bareng bareng karo pemrentah, duwe tujuan siji yakuwe ben desane tambah sejahetra.
SK : nggih mbah mugi mugi, amin. Oh nggih mbah, sing pungkasan, kulo nyuwun diparingi nasihat, supados gesang kulo saged sae niku pripun.
MKW : ya sing penting urip kudu gawe apik, maring sapa bae, apik karo Gusti, ya kudu ngibadah, apik karo sepada padane menungsa ya kudu saling welas asih, apik karo alam, ya kudu nglestarikaken bumi, ben aja rusak, sebab angger bumi rusak, sing ngrasakena sengsarane ya menungsane dewek.
SK : nggih mbah, ngestoaken, lan nyuwun tambahing pengestu mugi saged nglampahi dawuhipun simbah
MKW : ya tek pengestoni,
Komentar
Posting Komentar