Cerita Jaman Esih Cilik . Bagian 3

Bar sembayang ngisa karo pak Ikhwani, guru ngaji sing saben mbengi mulang alip alipan nang daleme eyang San Marta, sebab wektu semono nang dukuhku urung ana mesjid, inyong karo batir batir uwis pada siap garep melu arisan sepitan nang nggone salah sijine batir sing arep di sepiti. Gemiyen pancen ana tradisi, yakuwe angger ana batir sing sepit, dianakena arisan, yakuwe pada aweh duit nggo sing sepit. Acara arisan sepitan biasane dianakna nang malem sepen, atawa sewengi sedurunge hari H atawa bawahan. Acarane jan meriah temenan, senajan wektu semono penerangan mung nganggo lampu petromak. Sing marakena rame maning yakuwe kaki Mustangin nyetel ebeg nganggo corong, jan sedesa krungu kabeh. Mengko angger mbengi biasane nyetel kaset wayang kulit Dalang Gino sewengi deng, lakone Petruk Ilang Pethele. Bar arisan inyong karo batir batir pada bali tuk plataran kali. Wis mandan suwe ora udan dadi platarane amb...